Wednesday, December 5, 2012

DOA-DOA HARIAN UMUM BAHASA JAWA


TANDHA PAMENTHANGAN

Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra, Tuwin Hyang Roh suci. Amin.

RAMA KAWULA

Rama kawula ing swarga,
Asma Dalem kaluhurna.
Kraton Dalem mugi rawuha.
Karsa Dalem kalampahana
Wonten ing donya kados ing swarga.
Kawula nyuwun rejeki kangge sapunika.
Sakathahinh lepat nyuwun pangapunten Dalem,
Kados dene anggen kawula
Ugi ngapunten dhateng sesami.
Kawula nyuwun tinebihna saking panggoda,
Saha linuwarna saking piawon. Amin.

KANJENG RAMA

Kanjeng Rama ing swarga,
Mugi Asma Dalem kaluhurna.
Kraton Dalem kawiyarna,
Ing donya inggih kalampahana.
Karsa Dalem kados ing swarga,
Abdi Dalem sami nyadhong paring Dalem rejeki kange sapunika,
Sakathahing lepat nyuwun pangapunten Dalem,
Kados dene anggen kawula ugi ngapunten dhateng sesami.
Abdi Dalem nyuwun lepat saking panggodha,
Saha tinebihna saking piawon. Amin.

SEMBAH BEKTI

Sembah bekti kawula dewi Maria, kekasihng Allah.
Pangeran nunggil ing Panjenengan Dalem.
Sami-sami wanita Sang Dewi pinuji piyambak, saha pinuji ugi wohing salira Dalem, Sri Yesus.
Dewi Maria, Ibuning Allah,
Kawula tiyang dosa sami nyuwun pangestu dalem,
Samangke tuwin benjing dumugining pejah. Amin.

MUGI LINUHURNA

Mugi Linuhurna Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci.
Kados ing mulabuka, sapunika sarta ing salami-laminipun.Amin.

PINUJIA

Pinujia Asma Dalem Sri Yesus, Ibu Maria uwin Santo Yusup.
Sapunika sarta langgeng. Amin.

KAWULA PITADOS

Kawula pitados ing Allah, Rama  Sang Maha Kuwasa
Ingkang nitahaken bumi langit.
Saha ing Gusti Yesus Kristus,
Putra Dalem onthang-anthing pangeran kawula.
Ingkang miyos saking Ibu Kenya Maria,
Kagarba dening kuwasa Dalem Hyang Roh Suci.
Ingkag nandhang sangsara,
Nalika jamanipun Ponsius Pilautus,
Saha kepenthang, seda sarta kasareaken.
Tedhak dhateng papan pangentosan
Tigang dintenipun wungu saking seda
Mekrad dhateng suwarga,
Pinarak ing satengen Dalem Allah,
Rama Sang Maha Kuwasa.
Saking ngriku badhe rawuh,
Ngadili tiyang gesang utawi pejah.
Kawula pitados ing Hyang Roh Suci,
Pasamuwan katulik ingkang suci,
Pangapuntening dosa,
Tangining badan,
Saha gesang langgeng. Amin.


SEMBAHYANGAN KATUR HYANG ROH SUCI

P. Dhuh Roh ingkang suci, sumangga kawula aturi tedhak ing
manahipun abdi Dalem tiyang pitados
U. Saha ngurubna katresnanipun sarana urubing katresnan Dalem.
P. Mugi karsaa maringi Roh Dalem ingkang lajeng badhe
nggesangaken samukawis.
U. Saha ngenggalaken kawontenaning jagad.
P. Suwawi sami munjuk
Dhuh Allah ingkang sampun karsa paring piwulang dhateng manahipun para tiyang sami pitados srana pepadhang Dalem Hyang Roh Suci, mugi abdi Dalem kawula sami kalilana ngraosaken kawicaksanaan ingkang sejatos wonten ing Hyang Roh Suci wau, saha tansah manggih kabingahan margi panglipur dalem Hyang Roh Suci. Lantaran Sang Kristus Gusti Kawula.Amin

MALAEKATING ALLAH

P. Malaekating Allah ngantaraken dhawuh dhateng Kenya Maria
U. Lajeng Sang Kenya nggarbeni saking kuwasaninh Hyang Roh
suci
Sembah Bekti kawula…….
P.  Kawula abdining Allah
U. Sandika ing Dhawuh dalem.
Sembah Bekti kawula…….
P. Sang Sabda lajeng dados manungsa
U.Yektos nunggil ing kawula
Sembah Bekti kawula…….
P. Ibuning Allah nyuwun pangestu Dalem
U. Supados pantes nampi ganjaran kasagahan Dalem Sang Kristus
P. Suwawi sami munjuk :
P+U Gusti sarehning kawula sampun dipun wartosi ing malaekat, bilih putra Dalem yektos manjalma, mila sami nyuwun sih pitulungan Dalem, supados sarana saking sangsara saha pamenthanganipun putra Dalem, benjing satangining badan, kawula sageda ndherek kamulyakaken. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula. Amin.   

RATU SURGA

P. Kanjeng Ratu ing suwarga kawula aturi suka-suka, Alleluya.
U. Awit ingkang sampun nate wonten ing guwa garba dalem,
Alleluya.
P. Sampun wungu saking seda kados pangandikanipun, Alleluya.
U.Kawula nyuwun pangestu Dalem, Alleluya.
P. Kenya Dewi Maria, kawula aturi suka-suka saha bingah-bingah,
Alleluya.
U. Awit gusti sampun yektos wungu saking seda, Alleluya.

Suwawi sami munjuk:
Allah ingkang karsa damel bingahing jagad sarana wungunipun Putra Dalem Gusti kawula Yesus Kristus, Kawula sami nyuwuning Sampeyan Dalem, supados lantaran ingkang Ibu Kenya Maria, Kawula saged angsal kabingahan langgeng. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula. Amin.


SEMBAHYANG NYUWUN PANGAPURA

Allah ingkang maha-welas,
Sampeyan Dalem boten nate nampik tiyang dosa ingkang martobat, sapinten kemawon agenging dosanipun. Midhangetna panyuwun kawula, supados geang kawula laras kaliyan dhawuh-dhawuh Dalem. Kaluberna berkah Dalem dhateng kawula umat Dalem, supados wedharan-wedharan ingkang sampun kawula tampi, sumimpen lebet ing manah kawula, lantaran Sang Kristus Guru-Gusti kawula. Amin.

SEMBAHYANG NYUWUN LUHURING BUDI

Dhuh Sang Sabda Allah ingkang manjalma dados titah,
perlu nyunaraken asih-tresna Dalem Allah dhateng sadaya titah, kaparingana kawula budi luhur, supados kawula saged dedana tanpa pamrih punapa-punapa, kurban tanpa ngresula, lan makarya tanpa njagekaken pituwas. Kawulanga kawula sumarah kanthi wetah dhateng karsa Dalem Allah. Ingkang kawula pengini boten wonten sanes kajawi wonten pundi kemawon, lan ing kawontenan punapalan kados punapa kemawon, Gusti ingkang kawula pilih, karsa Dalem ingkang kawula lampahi. Amin.

SEMBAHYANG MBANGUN PANGAREP-AREP

Allah ingkang maha-mirah,
kawula ngajeng-ajeng lan njagekaken badhe nampi saking Sampeya Dalem kabegjan langgeng. Anggen kawula ngajeng-ajeng wau kanthi mantep, jalaran Sampeyan Dalem ingkang janji, Allah ingkang maha-kuwaos, sae dhateng kawula, lan boten nate mblejani janji. Gusti, kakiyatna pangajeng-ajeng kawula. Amin.

SEMBAHYANG MBANGUN KATRESNAN

Gusti, Sampeyan Dalem maha-sae,
asih tresna dhateng kawula, kados Bapa dhateng putra. Kawula gentos tresna dhateng Sampeyan Dalem ngungkuli samukawis, lan tresna dhateng sesami kados dhateng dhiri kawula piyambak. Gusti, kawula aturi ngagengaken katresnan kawula. Amin.

No comments:

Post a Comment